Sunday, April 7, 2013

Parikan (Pantun Bahasa Jawa)

Dalam bahasa Jawa juga ada yang seperti pantun, yang disebut parikan.
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisan kanggo narik kawigaten, dene ukara kang kapindho minangka isi.
Parikan migunakake purwakanthi swara (guru swara).
a. Mawa etungan (4 wanda – 4 wanda) X 2
1. Wedang kopi gula jawa
Aja lali karo kanca
2. Balumbang akeh wadere
Ditimbang padha pintere
3. Ngasah arit nganti landhep
Dadi murid kudu sregep
4. Tawon madu ngisep sekar
Golek ngelmu kudu sabar
5. Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik wong prasaja

b. Mawa etungan: (4 wanda – 8 wanda) X 2
1. Kembang jambu sedhompol mekroke telu
Timbang nesu, ayo kanca-kanca mesem ngguyu
2. Kembang salak sumebar tengahing bulak
Aja anggak, luwih becik sing sumanak
3. Rujak wuni, rujake wong wetan kali
Sing taberi, ja ketungkul nonton tivi
4. Tawon madu, ngisep sari kembang jambu
Aja nesu, yen dituduhake luputmu
5. Kembang mlati, ganda arum warni peni, mlathi
Watak putri, kudu gemi lan ngastiti

c. Mawa etungan: (8 wanda – 8 wanda) x 2
1. Bengi-bengi aja adus
Mundhak diwedeni wew
Aku muji kabeh lulus
Bisa klebu neng SMP

2. Kayu urip ora ngepang
Ijo-ijo godhong jati
Uwong urip ora gampang
Mula padha ngati-ati

Itulah pantun dalam bahasa Jawa (parikan).

2 comments: